Sunday, March 13, 2016

MC. RESEPSI LIMRAH ( RESEPSI LENGGAH)

I.   Cecala
1. Mugi sih wilasa, kanugrahan saha berkah Dalem Gusti ingkang Maha Hamisesa Bawana, tansah karentahna tumrap kula saha panjenengan sedaya. Samenika sarta ing salajengipun.
2. Nuwun, pajenenganipun para tamu ingkang minulya, minangka pranatacara ing pahargyan dhauping penganten dalu menika, keparenga kula langkung rumiyin ngunjukaken puji sokur ing ngabiyantara Dalem Gusti, ingih Pangeran Allah SWT, dene awit saking pangayoman Dalem, kula saha panjenengan sedaya ing wekdal menika sampun kaparengaken lenggah ing pasamuan menika, kanthi wilujeng ing sambekala.
3. Salajengipun minangka cecala keparenga kula ngaturaken rantaman urutaning titilaksana adicara ing pahargyan menika makaten :
  • Angka setunggal - Pambuka.
  • Angka kalih - Atur Pambagyaharja saking ingkang hamengku gati, katur para lenggah.
  • Angka tiga - Tanggap sabda saking panjenenganipun Bapak / Ibu Besan utawi kulawarga penganten kakung.
  • Angka sekawan - Wejangan utawai Sabdatama.
  • Angka gangsal - Panutup. 
4. Mekaten para tamu, urutaning titi laksana adicara pahargyan dalu menika. Salajengipun  sarwi nengga samektaning samudayanipun keparenga mrayogekaken lenggah panjenengan sedaya sawatawis, sinambi imbal pangandika, saha midhangetaken gending - gengdhing ingkang bade katur. 
Sumangga. Nuwun

 II. Ngacarani Lumarabing Panganten
  • Nuwun, panjenenganipun para tamu ingkang sutresna, keparenga atur uninga bilih pengantensampun paripurna anggenipun ngrasuk busana, Bapak - Ibunipun saha para pangombyong ugi sampun samekta, ingkang menika kanthi binarung ungeling Lancaran Bindri, laras slendro pathet sanga, Penganten Sarimbit menapa dene para pangiring badhe setata- rakit ing sangajenging panganten kula sumanggakaken. sumangga. 
          a) Panganten jajar jumeneng, kairing Bapak - Ibu saha para pangombyong.
          b) Menawi smpun tumata sedaya, gending kasuwuk, Mc lajeng mtur malih.
  •  Para tamu minulya, panganten sarimbit, Bapak - Ibunipun kekalih menapa dene para pangombyong sampun paripurna anggenipun satata - rakit. Sekedhap mal;ih badhe kairing lumarab ing ngarsa panjenengan sedaya. Ingkang menika, kanthi binarung ungeling Ldrang Panganten laras Pelog pathet Barang, Panganten badhe lumebet ing sasana wiwaha, anglenggahi dhampar rinengga. Dhumateng para tamu mbok bilih wonten keparengipun pring pakurmatan dhateng pnganten, kula sumanggakaken. Nuwun. 
Tamu jemeng, panganten dalah pangambyong lemebet sasana pawiwahan,          kanthi urutan :Cucuk Lampah, Dhomas, panganten, Bapak - Ibunipun panganten, Kulawarga, Pangambyong lan sanesipun.
Dumugi ing kursi panganten lajeng lenggah. Bapak - Ibunipun lenggah ing kiwa tengen. Mc nglajengaken atur malih, mbuka pahargyan menika.

III. Ngacarani Pambukaning pahargyan
  •  Para pinisepuh ingkang dahat pinundi, para tamu ingkang minulya. Panganten kekalih sampun anglenggahi sasana rinengga, kaapit ingkang Bapak - Ibunipun kekalih. Wekdal sampun dungkap, sarta samudayanipun sampun samekta, ingkang menika, mugi wonten keparengipun pahargyan dhauping panganten Rara Dra. TITIK PARWATI, putra putrinipun panjenganipun Bapak Drs. Sukirno sekalian ingkang pidalem ing dhusun Sonosewu Desa Ngestiharjo, Kecamatan Kasihan, Kabupaten Bantul Ngayogyakarta kalian Bagus Ir. SUMITRA HADI, putra kakungipun panjenenganipun Bapak Wiryodirjo sekalian ingkang pidalem ing kampung Jogokaryan Mj. III/ 464 Ngayogyakarta, dalu menika, kawiwitan. 
  • Amrih kaleksananing pahargyan purwa, madya, wasana, pinggih rancag nir ing sakara - kara, mangga sami dipun buka sarana ndedonga miturut agami lan kapitadosan kula panjenganipun sedaya. Dene ingkang ngrasuk agami Islam mangga kula dherekaken ambuka kanthi waosan Bamalah Sumangga.........  Bismillahir - rohmanir - rohiim... Sembahnuwun.
         ----Umpami tanpa pandonga ugi kenging-----

No comments:

Post a Comment

wa